nalika sajaba netra, grimis isih sumebyar
ing njroning salira, uga sukma,
mangsa ketiga ngobong gegodhong tatu
lan tapak-tapak srengenge katon dadi awu
nalika saka netra panyawangku nglangi
—nglangi ing suwung ratri,
wening sliramu isih manjing teja ludira
uga nggawa ketiga liya
kanggo ngobong srengene kang awe-awe
ing panggonku ngenam cintraka
nganti sore
Surabaya, 2006
(Abimardha Kurniawan)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar