sejatine aku butuh tamba
kanggo njaga ukara
mrih bisa krenteg ngicip donya
nadyan urip
kasuda dening nendra
pangucapku dadi donga
aksara dadi dalan
kang njlujur sunya
uga rasa cidra njroning ludira
dhuh, gurit iki
—gurit tanpa irah-irahan
kang rekasa
nandang laku
apa kang becik pinuju
Surabaya, Juni 2007
(Abimardha Kurniawan)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar